Jumat, 24 Desember 2010

Serat Wulangreh pupuh Mijil


1. Pomo kaki padha dipun eling
ing pitutur ingong
sira uga satriya arane
kudu anteng jatmika ing budi
luruh sarta wasis
samubarang tanduk

2. Dipun nedya prawira ing batin
nanging aja katon
sasona yen durung masane
kekendelan aja wani manikis
wiweka ing batin
den samar ing semu

3. Lan dimantep mring panggawe becik
lawan wekas ingong
aja kurang iya panrimane
yen wis tinitah marang Hyang Widhi
ing badan punika
wus pepancenipun

4. Ana wong narima ya titahing mapan dadi awon
lan ana wong narima titahe wekasane iku dadi becik
kawruhana ugi aja seling surup.

5. Yen wong bodho datan nedya ugi
atakon tetiron
anarima titah ing bodhone
iku wong narima nora becik
dene ingkang becik
wong narima iku

6. Kaya upamane wong angabdi
marang sing Sang Katong
lawas-lawas ketekan sedyane
dadi mantri utawa bupati
miwah saliyaneng
ing tyas kang panuju

7. Nuli narima tyasing batin
tan mengeng ing Katong
rumasa ing kani matane
sihing gusti tumeking nak rabi
wong narima becik kang mangkono iku

8. Nanging arang iya wong saiki
kang kaya mangkono
Kang wus kaprah iyo salawase
yen wis ana lungguhe sathithik
apan nuli lali
ing wiwitanipun

9. Pangrasane duweke pribadi
sabarang kang kanggo
datan eling ing mula mulane
witing sugih sangkane amukti
panrimaning ati
kaya anggone nemu

10. Tan ngrasa kamurahaning Widdhi
jalaran Sang Katong
jaman mengko ya iku mulane
arane turun wong tuwa tekweng
kardi tyase Sariah
kasusu ing angkuh

11. Arang nedya males sihing Gusti
Gustine Sang Katong
lan iya ing kabehing batine
sanadyan narima ing Hyang Widdhi
iku wong tan wruh ing
kanikmatanipun

12. Wong tan narima pan dadi becik
tinitah Hyang Manon
iku iyo rerupane
kaya wong ingkang ngupaya ilmi
lan wong nedya ugi kapintaranipun

13. Iya pangawruh kang den senengi
kang wus sengsem batos
miwang ingkang kapinteran dene
ing samubarang karya ta uwis
nora kanggo lathi
kabeh wus kawengku

14. Uwis pinter nanging iku maksih
nggonira pitados
ing kapinterane ing undhake
utawa unggahe kawruh yekti
durung marem batin
lamun durung tutug

15. Yen wong kurang panrimo ugi
iku luwih awon barang gawe aja age-age
anganggowa sabar sarta ririh
dadi barang kardi resik tur rahayu

16. Lan maninge babo dipun eling
ing pituturingong
sira uga padha ngemplak emplak
iya marang kang jumeneng Aji
ing lair myang batin
den ngarsa kawengku

17. Kang jumeneng iku ambawani
karsaning Hyang Manon
wajib padha wedi lan batine
aja mamang parintah ing Aji
nadyan enom ugi
lamun dadi Ratu

18. Nora kena iya den waoni
parentahing Katong
dhasar Ratu abener prentahe
kaya priye nggonira sumingkir
yen tan anglakoni
pasti tan rahayu

19. Nanging kaprah ing masa samangkin
anggepe angrengkoh,
tan rumangsa lamun ngempek empek,
ing batine datan nedya eling,
kamuktene iki,
ngendi sangkanipun.

20. Lamun eling jalarane mukti,
pasthine tan mengkuh,
saking durung batin ngrasakake,
ing pitutur engkang dingin-dingin,
dhasar tan paduli,
wuruking wong sepuh.

21. Dadine sabarang tindakneki,
arang ingkang tanggon,
saking durung ana landhesane,
arip crita tan ana kang eling,
elinge pribadi,
dadi tanpa dhapur.

22. Mulanipun wekasingsun iki,
den kerep tetakon,
aja isin ngatokken bodhone,
saking bodho witing pinter ugi,
mung Nabi sinelir,
pinter tanpa wuruk.

23. Sabakdane tan ana kadyeki,
pinter tanpa takon,
apan lumrah ing wong urip kiye,
mulane wong anom den taberi
angupaya ilmu pan dadi pikukuh

0 komentar:

Posting Komentar